Asal-usul Desa Kembar, Kiajaran Wetan lan Kiajaran Kulon

 Asal-usul Desa Kembar, Kiajaran Wetan lan Kiajaran Kulon
Ning siji waktu, katon sing kadoan prau cilik lagi nglayari segara Jawa. Prau kuen mangkat nuruti arahe angin. Katon mangkat ngalor-ngidul ning segara amba iku, tapi ora karuan tujuane. Jare sih, prau layar kuen kuh, dudu prau sembarangan. Wong-wong nyebute prau ajaib.

Sapa sing dadi jlemudi prau kuen?

Miturut crita, prau mau asale ngeprag ning muara. Sing numpaki mung wong siji, yaiku wong lanang. Umure wis tua dangklak. Miturut wong-wong, prau lan wong lanang tua mau sejatine sing pertama nglayari segara iku. Aran wong mau yaiku Kiai Kuda Hyang Jagat. Sing endi asale? Sampe sekiyen langka sing weruh.

Gelise crita, bobade wong kanda, gancange wong dongeng kaya ndongenge Bapa Bodong ning radio, siji dina sang Kiai mlaku-mlaku mengidul sing muara mau. Waktu lagi enak-enake mlaku, ujug-ujug katon pisan ning matane ana jaran lanang loro. Satoan mau jare si, turunan sing bangsane wong lanang tua iku.

Kiai mikir sedawane pikir. Deweke ngrasa siji mahluk sing urip. Mahluk urip iku kudu mangan. Dadi, ning dunya iki perlu luruh mangan. Apa bae sing bisa dipangan, kudu diluruh. Kiai mikir maning sedawane pikir, mahluk iku mangane cecukulan sing ana ning duwur bumi. Terus, sing endi anane cecukulan iki? Kapan cecukulan dadi wiwitan subur iki?

Kiai mikir maning sedawane pikir, bumi iku amba pisan. Luwih bagus yen bumi iku diolah lan diwolak-walik lemahe, nganggo nenanduran. Tamtu bae bisa ngasilaken lan bisa dipangan. Ahire kiai nemu jawaban, kudu ngolah lemah nganggo ngadepi masalah menusa iku. Mbari glelengan ning sor wiwitan adem, kiai ketemu jawabane.

Ujug-ujug jaran loro nekani. Tapi sing aneh, kiai wis weruh sing durunge winarah. Kiai wis weruh maksud tekane jaran. Bener bae, jaran mau pengen mbakti setia ning Kiai. Rupane klop pisan karon sing dipikiraken Kiai. Jaran mau gelem apa bae dikongkon Kiai, sebabe wis diniati mbakti setia. Kaki molah lemah nganggo jaran loro mau. Tanahe ana ning parek muara. Alat sing digunakaken kanggo pange wiwitan. Jaran nurut pisan, gelem dikongkon mendi bae lan apa bae.

Kiai beli meneng bae. Deweke melu kerja molah lemah. Sampe katon kepegelen. Jaran loro mau melas pisan ndeleng Kiai kaya wis mopoh. Deweke gah pada bae mopoh. Terus pada mandeg lan liren. Jaran mau ahire lunga. Sing gede mlayu mengulon, sing cilik mlayu mengetan. Suwe-suwe playone jaran ora katon lan ahire ilang sing pandengan mata.

Ilange jaran nyatane ilang uga kepengenan Kiai mola lema lan nyuburaken tetanduran. Kiai lunga, senajan masi mopoh lan mlakune ngos-ngosan. Mlaku meng arah prau sing dicangcang ning muara. Sampe sekiyen ning Dermayu, ana Desa Kiajaran Kulon lan Kiajaran Wetan sing asale tempate jaran mlayu mengulon lan mengetan. Kiajaran asale sing Kiai lan Jaran.

Terus, priwen nasibe Kiai?

Miturut crita, Kiai teruse numpak prau ning segara Jawa sing amba ngarat-arat. Ana ombak gede, prau mau kegulung. Prau lan Kiai kerem ning jero segara.

Semene dikit cerita Asal-usul Desa Kembar, Kiajaran Wetan lan Kiajaran Kulon engko kapan2 disambung maning karo cerita sejen-sejene

Share this

Related Posts

Previous
Next Post »